Minggu, 09 Februari 2014

TEMBUNG PARIBASAN, BEBASAN LAN SALOKA BASA JAWA, Abjad G, I, J dan K

Kini, giliran abjad G, I, J, dan K. Semoga membantu dan bermanfaat... :)




G

1. Gagak nganggo laring merak.
- Wong asor tumindak kaya wong dhuwur.
2. Gajah alingan suket teki.
- Lair karo batine beda banget, mesti bakal ketara.
3. ngGajah elar.
- Sarwa gedhe lan sentosa kekarepane.
4. Gajah ngidak rapuh.
- Wong sing nrajang wewalere dhewe.
5. Gajah tumbuk kancil mati tengah.
- Wong gedhe pada padudon, wong cilik sing sengsara.
6. Garang garing.
-  Umuk sugih nanging sejatine kecingkrangan.
7. Gawe luwangan ngurugi luwangan.
- Golek utang kanggo nyaur utang.
8. ngGayuh-nggayuh luput.
- Samubarang sing wis dijangka ora kaleksanan.
9. Genthong umos.
Ora bisa nyimpen wadi.
10. Giri lusi janma tan kena ingina.
- Ora kena ngina marang wong liya.
11. Griyak-griyak tumindak, sareh pakoleh.
- Alon-alon lehe tumindake ananging kaleksanan tumindake.
12. Golek banyu bening.
- Golek pitutur sing apik.
13. Golek-golek ketanggor wong luru-luru.
- Karepe arep golek-golek malah dijaluki.
14. Golek uceng kelangan deleg.
- Golek sethithik malah kelangan akeh.
15. Gong lumaku tinimba.
- Wong kang kumudu kudu ditakoni.
16. Gumembrang ora adhang.
- Entek-entekan wis ora ana babar pisan.
17. Gupak pulut ora mangan nangkane.
- Melu rekasane ora melu kepenake.


I

18. Idu didilat maneh.
- Njabel gunem sing wis kawetu.
19. Iwak klebu ing wuwu.
- Kena apus sarana gampang banget.


J

20. nJagakake endhoge blorok.
- nJagakake barang sing durung mesti.
21. nJajah desa milangkori.
- Lelungan menyang endi-endi.
22. Jalma angkara mati murka.
- Nemu bilahi jalaran saka murka.
23. Jalukan ora wewehan.
- Seneng njaluk nanging ora seneng weweh.
24. Jaran kerubuhan empyak.
- Wong wis kapok banget.
25. Jarit lawas ing sampiran.
- wong duwe kepinteran nanging ora digunakake.
26. Jati ketlusuban ruyung.
- Golongane wong becik kelebonan wong ala.
27. Jer besuki mawa beya.
- Kabeh gegayuhan mbutuhake ragad.
28. nJujul wuwul.
- Prakara sing ngundhak-undhaki rekasa.
29. nJunjung ngentebake.
- Ngalembana nanging niyate ngasorake.


K

30. Kacang mangsa ninggala lanjaran.
- Kelakuwane anak akeh-akehe niru wong tuwane.
31. Kadang konang.
- Ngakoni dulur mung karo sing sugih-sugih.
32. Kakehan gludhug kurang udan.
- Kakeyan omong nanging ora ana buktine.
33. Kalah cacak menang cacak.
- Embuh kalah embuh menang wani nyoba.
34. Kandhang langit kemul mega.
- Wong sing ora duwe papan panggonan.
35. Karubyug kabotan pinjung sarwa.
- Wong wadon iku anane ribet.
36. Katepang ngrangsang gunung.
- Kegedhen panjangka mokal bakal kelakon.
37. Katon cempaka sawakul.
- Disenengi wong akeh.
38. Kaya banyu karo lenga.
- Paseduluran sing ora bisa rukun.
39. Kaya dhayang oleh kedung.
- Nglakoni gaweyan sing cocok karo atine.
40. Kaya wedhus diumbar ing kacangan.
- Kesenengan amarga nemoni sing dibutuhake.
41. Kebat kliwat gancang pincang.
- Yen tumnidak sarwa kesusu asile ora becik.
42. Kebanjiran segara madu.
- Nemoni kebegjan sing gedhe banget.
43. Kebo ilang tombok kandhang.
- Wis kelangan isih tombok maneh.
44. Kebo bule mati setra.
- Wong pinter nanging ora ana sing mbutuhake.
45. Kebo kabotan sungu.
- Wong tuwa sing rekasa amarga kakehan anak.
46. Kebo lumumpat ing palang.
- Ngadili prakoro ora nganggo wewaton (lathokan ukum).
47. Kebo mulih menyang kandhange.
- Wong lunga bali maneh menyang asale.
48. Kebo nusu gudel.
- Wong tuwa njaluk wuruk menyang wong enom.
49. Kegedhen empyak kurang cagak.
- Kegedhen kekarepan nanging kurang sembada.
50. Kejugrukan gunung menyan.
- Nemu kebegjen gedhe banget.
51. Kekudhung walulang macan.
- Ngapusi wong sarana njaluk tulung marang wong sing dipercaya dening wong sing diapusi mau.
52. Kelacak kepathak.
- wis ora bisa selak amarga wis kebukten.
53. Kemladhean ngajak sempal.
- Wong manut marakake rusak.
54. Kena iwake ja buthek banyune.
- Bisa kelakon kekarepane nanging ora gawe rame.
55. Kendel ngringkel dhadhag ora godag.
- Ngakune kendel lan pinter nyatane jirih lan bodho.
56. Kencana katon wingko.
- Senajan apik tetep ora seneng.
57. Kenes ora ethes.
- Sugih nanging bodho.
58. Keplok ora tombok.
- Melu seneng nanging ora ragad.
59. Kere munggah bale.
- Wong asor didadekake wong mulya.
60. Kere nemoni malem.
- Wong kang bedhigasan.
61. Kerot ora duwe untu.
- Duwe kekarepan nanging ora duwe ragad.
62. Karubuhan gunung.
- Nemoni kesusahan sing gedhe banget.
63. Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang.
- Nemu bebaya sing ora mokal kelakone.
64. Ketiban awu anget.
- Ora ngerti apa-apa didakwa.
65. Ketula-tula ketali.
- Tansah nandhang rekasa.
66. Kethek saranggon.
- Wong ala sagrombolan.
67.Klenthing wadhah masin.
- Wong sing kulina laku ala, senajan dimareni kala mangsane isih nglakoni.
68. Kleyang kabur kanginan.
- Wong urip sing kalunta-lunta.
69. Kongsi jambul uwanen.
- Nganti tuwa banget.
70. Krokot ing galang.
- Wong sing mlarat banget.
71. Kriwikan dadi grojogan.
- Prahar cilik dadi gedhe.
72. Kementhus ora pecus.
- Doyan umuk nanging ora sembada.
73. Kuncung nganti gelung.
- Suwe banget ora netepi janji.
74. Kurung munggah lumbung.
- Batur dipek bojo bendarane.
75. Kutuk nggendhong kemiri.
- Nyandhang sarwa aji ngliwati papan sing gawat.
76. Kutuk marani sunduk.
- Njarak marang bebaya.


***BERSAMBUNG***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar