Selasa, 15 April 2014

TEMBUNG ENTAR, bagian I


Tembung entar ini sama dengan kiasan atau kata ibarat/analogi



A

1. Abang kupinge : nesu
2. Abang-abang lambe : lamis, ora temenan
3. Abot sanggane : rekasa
4. Adol bagus (ayu) : pamer bagus
5. Adol gawe : ngatonake gaweyane
6. Adol kringet : nyambut gawe kasar
7. Adol kewanen : nduduhake kekendelane
8. Adol prangon : golek khabar
9. Adol sendhe : adol barang menyang gadhen
10. Adol sengang (umuk) : kakehan umuk ora ana isine
11. Adus eluh : susah banget
12. Akeh sandhungane : akeh alangan
13. Ala kadhutane : ala watake
14. Alus tembunge : tembunge kepenak
15. Amba jangkahe : akeh ihtiyare
16. Angon ulat ngumbar tangan : golek limpe anggone maling
17. Asor budine : atine ala
18. Atine dhondhong : atine ala
19. Atine kethul : ora bisa mikir
20. Atine momot : sabar banget
21. Atine ana wulune : atine ora apik drengki
22. Atine pingget : lara atine, sirik
23. Adus kringet : olehe nyambut gawe rekasa banget


B 

24. mBalang liring : nglirik
25. Bening atine : sumeh
26. mBukak wadi : ngandhakake wadi (rahasia sing ngisinake)
27. mBuwang tilas : nutupi tumindak ala
28. Bau tengen : wong sing bisa diendelake

C

29. Cogak lek : sarana betah melek
30. Cangkem gatel : seneng ngrasani
31. Cendhak umure : gelis mati
32. Cepak jatukramane : cepet oleh jodho
33. Cepak rejekine : gampang golek pangan
34. Cilik atine : jerih
35. Cupet budhine : tumindake ala
36. Cupet lelakone : gegayuhane ora kaleksanan
37. Cupet nalare : ora bisa mikir dawa
38. Cupet pangandel : ora percaya


D

39. Dawa tangane : nglemer
40. Dawa ususe : sabar banget
41. nDhedher kautaman : nandur kebecikan
42. Dhuwur atine : gumudhe
43. Dhuwur pangkate : sugih

E

44. Empuk rembuge : rembuge manis
45. Entek atine : kuatir banget
46. Entheng tangan : seneng tandang gawe

G

47. ngGadho ati : gawe susah
48. Gantung kepuh : nyandhang ora tau ganti
49. ngGantung untu : selak arep mangan
50. Gedhe atine : teteg
51. Gedhe endhase : sombong
52. Gedhe tekade : ora gelem mundur
53. ngGedhekak puluk : nengenake mangan
54. ngGegem tangan : kesed
55. Gilig rembuge : sarujuk
56. Gilig tekade : tekade wis mateng
57. ngGilud kawruh : ngudi kawruh kanthi mempeng
58. Golek ayu : ngudi supaya uripe slamet

I

59. Idu geni : omongane mandi
60. Ilang klilipe : ilnag mungsuhe

J

61. Jembar dhadhane : sabar, sugih pangapura
62. Jembar kubure : mlebu surga
63. Jembar kawruhe : ilmune akeh
64. Jembar polatane : pinter
65. Jembar segarane : gampang menehi pangapura

K

66. Kakehan tangan : kakehan sing tandang gawe
67. Kaku atine : angel dikandhani
68. Kandel kupinge : ora nggugu pitutur
69. Katon dhadhane : wani adu arep
70. Kecandhak karepe : gegayuhane kelakon
71. Kasar tembunge : tembunge sarwa saru
72. Kegugah atine : eling
73. Kelepetan ala : katut ala
74. Kembang lambe : dadi caturan ana ngendi-endi
75. Kena tinenga-tenga : kena disambati
76. Kenceng karepe : kekarepane ora bisa owah
77. Kethul pikire : bodho
78. Kulak warta : golek warta, kabar
79. Kuwat drajad : cocok dadi pemimpin

L

80. Lambe ati : watak
81. Landhep dhengkul : bodho
82. Landhep pikire : pinter, gampang ngerti
83. Lara ati : serik
84. Lara ayu : cacaran
85. Lara owah : gendheng
86. Lobok atine : sabar
87. Lurus lakune : jujur
88. Lunyu ilate : mencla-mencle, ora kena diugemi
89. Lumah tangan : ora melu cawe-cawe



~BERSAMBUNG~

Sumber : INTI SARI BASA JAWA PEPAK, terbitan LINTAS MEDIA, Jombang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar