Selasa, 31 Maret 2015

BASA JAWI PEPAK : Arane Panggonan (Bagian Kedua)




1. Pacrabakan : Panggonane sang wiku; papan pamulangan.
2. Padaringan : Wadhah kanggo nyimpen beras.
3. Padasan : Panggonan kanggo wudhu.
4. Padhepokan : Papan pamulangan; patapan; omahe pandhita.
5. Paestren : Sawah ing sapinggire kali.
6. Paga : Kanggo nyimpen bekakas pawon.
7. Pagagan : Lemah sing ditanduri pari gaga.
8. Pagajih : Lemah sing diumadi sala walede kali.
9. Pagupon : Omahe dara.
10. Paidon : Wadhah idu.
11. Pakunjaran : Panggonan kanggo ngunjara/ngukum wong luput.
12. Pamulangan : Papan kanggo mulang muruk/sekolahan.
13. Panepen : Papan kanggo semedhi, nepi, taa, lsp.
14. Pantisari : Omah cilik ing satengahe patamanan.
15. Papon : Wadhah apu/enjet.
16. Pasanggrahan : Papan palereman/penginepan ing sajabahing kutha.
17. Pasar : Papan kanggo dodolan utawa tetuku barang.
18. Pasetran : Papan kanggo mbuwang bangke.
19. Patamanan : Lemah sing ditanduri kekembangan.
20. Patapan : Omahe pandhita;omah kanggo tapa.
21. Pawon : Perangan omah sing kanggo olah-olah.
22. Payudan : Panggonan jembar kanggo adu perang.
23. Pekarangan : Papan sakiwa tengene utawa mburi omah.
24. Pelabuhan : Papan kanggo mandhege/labuh prau/kapal.
25. Pelataran : Lemah sangarepe omah.
26. Pendhapa : Perangan omah ngarep kanggo pasamuwan.
27. Pesantren : Papan kanggo mulang muruk para santri.
28. Pesisir : Pinggire segara.
29. Petarangan : Panggonan kanggo nggendhoge pitik.
30. Pinihan : Lemah kanggo ndhedher winih tanduran.
31. Plangkan : Papan kanggo ndeleh tumbak, payung, lsp.
32. Plegungan : Papan kanggo lerene sapi sing eyup.
33. Ploncon : Papan kanggo tumbak, teken, lsp.
34. Pomahan : Pekarangan sing didegi omah.
35. Pondhok : Omah kanggo mondhok, ngaji para santri.
36. Pluwang : Luwang kanggo masangi kewan alas.
37. Pragen : Wadhah uyah utawa bumbu.
38. Pranji : kandhang pitik.
39. Ranggon : Gubuk ing alas kanggo leren utawa njaga kewan.
40. Rong : Leng gedhe omah tikus, yuyu, ula, iwak, lsp.
41. Rumah sakit : Papan kanggo ngruwat wong lara.
42. Sanatorium : Papan kanggo nambani wong lara tbc.
43. Sanggar : Papan kanggo latihan;papan kanggo semedi.
44. Sawah : Lemah kanggo nandur pari, kedhele, tebu, lsp.
45. Segaran : Tetirone segara kanggo ngingu iwak.
46. Sekolahan : Papan kanggo sinau, mulang muruk.
47. Selon : Wadhah bumbu utawa trasi.
48. Senthong : Perangan sajroning omah kanggo turu, utawa ndeleh barang.
49. Setasiun : Papan kanggo mandhege sephur.
50. Setren : Sawah ing sapinggire kali.
51. Slepen : Wadhah rokok, klobot utawa mbako.
52. Sudhung : Grumbul omahe celeng.
53. Susuh : Omah manuk, tikus, bajing, lsp.
54. Tala : Omah tawon.
55. Talun : Panggonan ing pagunungan.
56. Tambak : Papan kanggo ngingu iwak.
57. Tangki : Wadhah lenga, gas, lsp.
58. Tangsi : Papan panggonane tentara.
59. Tegalan : Lemah sing ditanduri palawija, lsp.
60. Tobong : Panggonan kanggo ngobong gendheng utawa gamping.
61. Tulang : Kothak cilik kanggo adu jangkrik.
62. Warung : Papan kanggo dodolan panganan.
63. Wihara : Panggonan sembahyang umat budha.
64. Wrangka : Kayu wadhah keris utawa tumbak.


Sumber : Buku Intisari BASA JAWI PEPAK, terbitan Lintas Media, Jombang.

2 komentar: