Rabu, 26 Februari 2014

TEMBUNG PARIBASAN, BEBASAN LAN SALOKA BASA JAWA, Abjad L, M, N, O dan R

Lanjutannya... silakan dipelajari... :)




L

1. Ladak kecengklak
- Wong angkuh nemahi cilaka amarga polahe dhewe.
2. Lahang karoban manis.
- Rupa bagus tur luhur bebudine.
3. Lambe satumang kari samerang.
- Aweh pitutur bola-bali ora digawe.
4. Lanang kemangi.
- Wong lanang sing jirih.
5. Legan golek momongan.
- Wong sing kepenak golek rekasa.
6. Lumpuh ngideri jagad.
- Duwe kekarepan sing mokal kelakon.

M

7. Madu balung tanpa isi.
- Padudon amarga barang sepele.
8. Maju tatu mundur ajur.
- Kabeh budidayane ora asli.
9. Matang tuna numbak luput.
- Tansah luput kekarepane.
10. Meneng widara uleran.
- Wong sing laire katon anteng nanging ala atine.
11. Menthung koja kena sembangine.
- Karepe ngapusi malah kapusan.
12. Merangi tatal.
- Mentahake rembug sing wis dadi.
13. Mikul dhuwur mendhem jero.
- Njunjung drajade wong tuwa.
14. Milih-milih tebu boleng.
- Amarga kakehan pilihan wusanane ala.
15. Mrojol selaning garu.
- Linuwih, ora ana sing madhani.
16. Mubra-mubru blabur madu.
- Sarwa kecukupan.

N

17. Nabok nyilih tangan.
- Nindakake tumindak ala sarana kongkonan.
18. Nambong laku.
- Ethok-ethok ora ngerti.
19. Nucuk ngiberake.
- Disuguh mulihe mbrekat.
20. Nututi layangan pedhot.
- Ngupaya barang sepele sing wis ilang.
21. Ngagar metu kawul.
- Ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan.
22. Ngalasake negara.
- Ora manut pranatan negara.
23. Ngalem legining gula.
- Nyebut kaluwihane wong liya.
24. Ngaturake kidang lumayu.
- Nuduhake gegayuhan sing angel kecekel.
25. Ngemut legining gula.
- Bareng krasa penak lali karo asale.
26. Ngenteni timbule watu item.
- Ngenteni barang sing tangeh kelakon.
27. Nglungguhi klasa gumelar.
- Nemu kepenake tanpa melu rekasane.
28. Ngontragake gunung.
- Wong asor bisa ngalahake wong luhur (gedhe)
29. Nguthik-uthik macan dhedhe.
- Gawe nesune wong.
30. Nguyahi segara.
- Tandang gawe sing muspra.
31. Nyangoni kawula minggat.
- Ndandani barang sing pijer rusak.
32. Nyolong pethek.
- Ora dinyana-nyana.
33. Nyunggi lumpang kentheng.
- Munggah drajade nanging ora ana pametune.

O

34. Obah ngarep kobet mburi.
- Rekasa dhisik nanging kepenak tembe mburine.
- Solah bawane wong gedhe dadi panutane wong cilik.
35. Opor bebek mentas awak dhewek.
- Mentas saka rekadayane awake dhewe.
36. Othak-athik didudut angel.
- Rembuge sajake kepenak bareng ditenani jebul angel.
37. Ora ana banyu mili mendhuwur.
- Watege anak mesti niru wong tuwane.
38. Ora ana kukus tanpa geni.
- Ora ana sebab tanpa musabab.
39. Ora ganja ora unus.
- Ala samubarange.
40. Ora ngerti kenthang kimpule.
- Ora ngerti jalaran perkarane.
41. Ora mambu enthong irus.
- Dudu sanak dudu kadang.
42. Ora tembung ora lawung.
- Njupuk barang tanpa nembung dhisik.
43. Ora suwur ora sembur.
- Ora gelem cawe-cawe sithithika wae.

P

44. Pager mangan tanduran.
- Dipercaya malah ngrusak.
45. Pandengan karo srengenge.
- Mungsuh karo wong kuasa.
46. Padhitane antake.
- Laire suci, nanging batine reged.
47. Pitik trondhol diumbar ing padaringan.
- Wong ala dipasrahi tunggu barang aji.
48. Petruk tunggu bara.
- Dipasrahi sing barang kesenangane.
49. Pupur sawise benjut.
- Ngati-ati sawise kebacut kelakon.

R

50. Rampek-rampek kethek.
- Nyedhak-nyedhak mung arep gawe kepitunan.
51. Rawe-rawe rantas malang-malang putung.
- Kabeh sing ngaling-ngalingi disingkirake.
52. Rebut balung tanpa isi.
- Padudon rebutan barang sepele.
53. Rindhik asu digitik.
- Dikon nglakoni gawean sing cocok karo karepe.
54. Rukun agawe santoso, crah agawe bubrah.
- Kerukunan ndadekake sentosa, congkrah ndadekake kerusakan.


>>>BERSAMBUNG>>>

2 komentar:

  1. Tolong beri tahu saya apa paribasane masalah kang sepele digedek gedekne

    BalasHapus
  2. Kricikan dadi grojokan

    BalasHapus