Senin, 28 April 2014

Bab TEMBUNG ENTAR, Bagian Dua (BASA JAWI PEPAK)




M


1. Manis eseme : eseme ngresepake ati
2. Mara tangan : seneng milara
3. Mata dhuwiten : sing dipikir mung dhuwit
4. Mata loro : kabeh perkara diantepi, mbantu mungsuh
5. Mateni pangane : gawe ilang sandhang pangane
6. Mateng rembuge : rembuke wis dimupakati
7. Mateng kawruhe : kawruhe wis tutug
8. Mati ilate (kulite) : wis ora duwe rasa
9. Mati raga : tapa, tirakat
10. Mendem drajad : wong pangkat sing umuk (sombong)
11. Medhot dalan : ora nerusake, nrabas
12. Mentahi rembug : murungake rembug
13. Metani luput : nggoleki lupute (salahe)
14. Methik layang : nurun
15. Mogel ilate : mangan sing sarwa enak
16. Mogol sinaune : mandheg anggone sinau
17. Murang tata : ora nganggo tata krama
18. Meres mikir : mikire temenan


N


19. Nandur kebecikan : gawe kebecikan
20. Ngabangake kuping : gawe nesu
21. Ngadu wuluding kulit : tukar padu
22. Ngangsu kawruh : meguru
23. Ngatonake siyunge : nduduhake kekendelane
24. Ngekep dengkul : nganggur
25. Ngandhaleni hawa nafsu : nyegah kekarepane ala
26. Ngenaki ati : gawe seneng
27. Ngepuh kringet : tandang gawe mempeng
28. Ngetog karosan : mempeng banget
29. Ngemut driji : ora oleh apa-apa
30. Nyolok mata : cetha wela-wela
31. Ngobong atine : ngetokake nepsu


O


32. Oleh ati : tampa katresnan
33. Ora duwe ati : kuwatir banget
34. Ora katon dhadhane : ora wani adu arep
35. Ora merem : ngerti
36. Ora ndalan : ora ngerti tata krama


P


37. Padhang hawa : ndonya
38. Padhang langite : katon seneng
39. Padhang pikir : seneng
40. Padhang ulate : sumeh
41. Pait getir : wis pengalaman
42. Pait lelakone : ora kepenak lelakone (uripe)
43. Panas atine : nesu
44. Pecah pamore : wis dewasa
45. Papan pekiwan : panggonan sing ora adhakan
46. Pedhes tembunge : tembunge sing gawe sirik
47. Perih atine : sedhih
48. Pingget atine : serik
49. Peteng atine : susah
50. Pulih getih : buk, ora kalah ora menang
51. Puput yuswa : seda
52. Putus sinaune : tutug sinaune
53. Padhang jagade : katon tentrem


R


54. ngRabekake sikut : senggolan sikut
55. Rai gedheg : ora duwe isin
56. ngRengga praja : njaga awak
57. Runtuh atine : tuwuk welase
58. Rupak atine (segarane) : ora gampang ngapura
59. Rupak jagade : judheg, kentekan pasaban


S


60. Sabuk galeng : sugih sawah
61. Sepi kawruh : ora duwe ilmu
62. Seret rejekine : ora lancar golek rejeki
63. Sesak dhadhane : anyel
64. Sumpeg atine : susah


T


65. Tatu atine : serik
66. keTengen : dikasihi
67. Tipis lambene : seneng rerasan
68. Thukul turunane : duwe turunan
69. Tanpa tilas : ora oleh gawe


U


70. Udan tangis : akeh sing nangis
71. Utang pati : gawe patine liyan


W


72. Walang ati : sumelang
73. Weteng kadut : ora tampikan
74. Wedi getih : jirih


SUMBER : Inti Sari BASA JAWA PEPAK, Terbitan Lintas Media, Jombang


SEMOGA BERMANFAAT ^_^

Tidak ada komentar:

Posting Komentar