Selasa, 04 Maret 2014

TEMBUNG PARIBASAN, BEBASAN LAN SALOKA BASA JAWA, Abjad S, T, U, W dan Y + BONUS PARIKAN BASA JAWA


Selamat mempelajari... :)




S

1. Sabaya pati, sabaya mukti.
- Rukun nganti tekan pati.
2. Sadumuk bathuk sanyari bumi.
- Nglabuhi pati marang bebener.
3. Sapa salah seleh.
- Sapa sing salah bakal kalah.
4. Satru mungging cangklakan.
- Mungsuh kang isi sanak sedulur.
5. Sedhakep ngawe-awe.
- Mareni tumindak ala, nanging isih kepingin tuindak maneh.
6. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem.
- Bisa kaleksanan amarga dongane wong akeh.
7. Sepi ing pamrih rame ing gawe.
- Tumandang gawe tanpa duwe melik.
8. Sluman slumun slamet.
- Tansah slamet satindake.
9. Sumur lumaku tinimba.
-  Nawak-nawakake ilmu supaya diaku.

T


10. Tebu tuwuh socane.
- Perkarane sing wis becik bubrah amarga dirusuhi.
11. Tekek mati ing ulone.
- Nemuhi cilaka amarga saka guneme dhewe.
12. Tembang rawat-rawat, ujare bakul sinamberawa.
- Khabar sing durung mesti bener lupute.
13. Thenguk-thenguk akeh kelumpuk.
- Wis kepenak tambah kepenak.
14. Trenggiling api mati.
- Sejatine ngrungokake nanging ethok-ethok ora peduli.
15. Timun jinara.
- Samubarang sing gampang banget.
16. Timun mungsuh duren.
- Wong ringkih mungsuh wong kuwat.
17. Timun wungkuk jaga imbuh.
- Mung kanggo jaga yen kurang.
18. Tinggal ngglanggang colong playu.
- Keplayu saka tanggung jawab.
19. Tulung menthung.
- Katone nulung ning marahi susah.
20. Tumbak cucukan.
- Seneng adul-adul.
21. Tumbu oleh tutup.
- Wong kekancan sing cocok banget.
22. Tuna sathak bathi sanak.
- Rugi banda nanging bathi sedulur.
23. Tunggal banyu.
- Tunggal ngelmu, tunggal guru.
24. Tunggal welat.
- Sadulur sinarwedi.
25. Tut Wuri Handayani.
- Menehi kelonggaran lan menehi pepeling sing becik.

U


26. Ula marani gepuk.
- Njarag marang bahaya.
27. Ulat madhep ati karep.
- Wis mantep banget.
28. Undhaking pawarta sudaning kiriman.
- Pawarta iku lumrahe wis beda karo nyatane.
29. Ungak-ungak pager arang.
- Ngisin-ngisini pokal gawene.

W


30. Welas tanpa tilas.
- Aweh rasa welas nanging njalari rekasane.
31. Wis kebak sunduke.
- Wong sing wis akeh kaluputane.
32. Wiwit kuncung nganti gelung.
- Wiwit cilik nganti tuwa.

Y


33. Yitna yuwana lena kena.
- Sing ngati-ati slamet, sing sembrana bakal cilaka.
34. Yuyu rumpung mbarong ronge.
- Omahe katon njenggarong nanging mlarat.
35. Yiyidan mungging rampadan.
- Maune durjana dadi wong alim.
36. Yoga anyangga yogi.
- Murid niru piwulange guru.
37. Yuwana mati lena.
- Wong becik nemoni cilaka amarga kurang ngati-ati.



PARIKAN


1. Abang-abang gendera landa, ana sing ijo kok milih sing putih.
- Bujang maneh ora ngluyuran, sing wis duwe bojo ora tau mulih.
2. Ana brambang sasen lima.
- Berjuang labuh negara.
3. Bisa nggendhang ora bisa nyuling.
- Bisa nyawang ora wani nyandhing.
4. Bibi surip tuku klobot, pethuk encik tawa roti.
- Wogn urip pancen abot, mula becik ngati-ati.
5. Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong plasa.
- Esuk mikir sore mikir, sing dipikir ora rumangsa.
6. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar.
- Lamun sabar, bisa lejar serta bingar.
7. Jambu apa jeruk.
- Aku melu apa entuk.
8. Jemek-jemek gula jawa.
- Aja sok ngenyek karo kanca.
9. Jangan kacang jangan kara, kuduk uyah kurang gula.
- Welingku marang para mudha, aja wedi ing rekasa.
10. Kembang mlathi, warna peni nggandha wangi.
- Watak putri kudu setiti angati-ati.
11. Kembang kencur, ditandur tepining sumur.
- Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur.
12. Kembang menur tinandur ing pinggir sumur.
- Yen wis makmur aja lali marang sedulur.
13. Kutha kendhal kali wungu.
- Ajar kenal karo aku.
14. Kembang aren sumebar pinggir kalen.
- Aja dahwen yen kowe kepingin kajen.
15. Kembang kencur, ganda sedhep sanding sumur.
- Kudu jujur, yen kowe kepingin makmur.
16. Kembang mawar, ganda arum ngambar-ambar.
- Ati bingar, ajamung yen nampa bayar.
17. Kembange kembang cempaka, dudu kembang arum dalu.
- Mumpung sira isih mudha, kudu sregep ngudi ilmu.
18. Manuk emprit nucuk pari.
- Dadi murid sing taberi.
19. Manuk tuhu mencok pager.
- Yen sinau mesti pinter.
20. Ngasah arit nganti landhep.
- Dadi murid kudu sregep.
21. Rujak cengkir, pantese diwadhahi cangkir.
- Mlipar-mlipur, polahe wong lagi naksir.
22. Semarang kaline banjir.
- Ja sumedang ra dipikir.
23. Tawon madu ngisep sari kembang jambu.
- Aja nesu yen tinuding kaluputanmu.
24. Tawon madu ngisep sekar.
- Dadi guru kudu sabar.
25. Wajik klethik gula jawa.
- Luwih becik sing prasaja.
26. Wedang bubuk gula tebu.
- Mata ngantuk njaluk turu.
27. Wedang jeruk tanpa gula.
- Ja sok umuk tanpa guna.
28. Rek gambar klenthing.
- Kula nderek wonten wingking.
29. Wong yen lagi gandrung.
- Ra peduli mbledhose gunung.
30. Wong yen lagi naksir.
- Ra peduli sing ditaksir kenthir.


Akhirnya selesai juga... :3

disadur dari buku INTISARI BASA JAWA PEPAK terbitan LINTAS MEDIA Jombang
Semoga dapat menambah pengetahuan saudara-saudara... :)

1 komentar:

  1. artiya wohing tanjung dan Ati binger,mergo duwe klambi apa ya?...

    BalasHapus